Friday, September 07, 2007
manfaat kopi
tp ono neng kene aku ora bakal bahas manfaat2 kopi ,oyo seng wes dibahas blog-blog liyo2 ,aku neg kene bakal mahas manfaat kopi versi aku
manfaat kopi versi ku
1. enak
2. enak-tenan
3. uenak tenan
4. tenan enak
5. tenan-tenan enak
yo mung kuwi
lakone nopo pak mantep
jum'at pahing
07 sep 2007
jam 10 isuk
cerito iki kedaden ono eng negoro Ngalengko ,ono salah siji adipati jenenge Raden Mas Segawon Jaler Mangku sekul sak Bakul ,adipati mau duwe anak buah prajurit-prajurit jajahe ono 10 ,salah siji soko prajurit kuwi pangkate sersan (komandan lah) ,terus sawijine dino adipati kuwi teko nyang barak'e prajurit-prajurit ,pas kiro srengenge duwure saktombak (10.00 wib kiro2 semono lah) adipati kuwi inspeksi ,
adipati : awakmu wes gawe laporan durung
komandan : dereng ndoro ,kawulo nembe nyiape laporan
adipati : gawe saiki ,banjur awkmu njaluk tapak asmo karo kanjeng patih lan 3 senopati
intine yen tugas ngalahke musuh kuwi wes tak selesekke
komandan : tapi ndoro ,kenyataane kan dereng rampung ,tasih wonten masalah-masalah engkan kedah di selesekke rumiyen
adipati : yo siro selesekke disek ,koyo ngono kok ora iso
komandan : nyuwun ngapunten ndoro ,masalahipun niku boten ten kulo kaleh prajurit-parjurit ,sakmeniko salahipun wonten ingkang ndamel margo ndoro ,kulo kalian rencang-rencang prajurit (prajurit wani isin) ,meniko kan mung saget perang lan menang bilih margonipun niku alus lan bener ,sakmeniko margonipun ngronjal lan muter-muter ,pripun kulo kaleh rencang-rencang meniko saget perang.
adipati : yo kuwi dadi urusan mu ,urusane seng ngrancang dalan kuwi yo mung ngrancang.
komandan : ngeh boten saget ngoten ndoro,ngeten wahe kulo bade tangklet ,prjurit meniko fungsine nopo tho? mung perang tho ,boten ndamel dalan lan ngancang dalan ,yen prajurit meniko ngeh perang ,ngih bantui ndamel dalan ,lan mbantuin ngrancang dalan ,banjur tugase perancang dalan lan tugase engkang ndamel dalan meniko nopo?
adipati : wes-wes ora rampung-rampung
banjur adipati ninggalke barak terus nemui kanjeng patih ,ora suwe adipati teko maneh nyang barak ,pas neng barak ono tamu soko utusan kabupaten liyo ,bacur
adipati : kowe kuwi piye tho .. wingikan wes tak weling tombak kuwi deleh nyang ngarep pitu gerbang
kopral 2 : kan sampun tho ndoro ,kulo sampun deleh tombah wonten ten pintu gerbang
adipati : pintu gerbang apane ,kuwi neng njero pintu gerbang
-----(padahal wingi seng ngongkon yo adipatine ,adapitaine lali heheheheh, kopral 2 keno ,naseb2 ,sabar yo pral)
kopral 2 : enggeh kulo kerjake sak niki
adipati : kuwe iki piye tho (ngamuk adipati)
utusan : nyuwun 1000 ,kulo bade ningali gambar
adi pati tetep wahe ngamuk-ngamuk (emosi) ora perduli ono utusan soko kabupaten liyo
adi pati (kebal hukum)
kopral 2 : sampun ndoro ,ini sampun rampung
bancur adipati kepanggih maleh kalih Ndoro patih ,adipati bade laporan tugas engkang anyar ....... eee tibao Kanjeng Patih Kaget (gedobrak) elek tenan kambarmu adipati , akhire Kanjeng pating ngundang prajurit 2 ,supoyo bantui adipati seng norak mau ,
sak bare sowan soko Patih ,adipati ngamuk2
adipati : kopral 9 kowe kuwi kudune iso mikir yen gambar yo seng apek
kopral 9 : inggih ndoro
adipati : kopral 2 !kowe kudu ngewi kopral9
kopral 2 : inggih ndoro
adipati : piye carane aku ora gelem ngerti ,kowe wong loro (kopral 2 lan kopral 9) kudu iso
cukup disek yo .. cerito ne ,kesel banget awakku
Saturday, June 23, 2007
bendoro
Tangal 15 juni aku dikabari yen bendoro arep teko nyangkene ,biasa yen arep teko aku kudu nyapke uborampene,mulai soko ngirim upeti ngasi nyiapke delman lan kusire ,rencane bendoro ono ing kene mulai tanggal 18 ngasi tanggal 22 (lumayan suwe tho).
tanggal 18 bendoro teko tenan ,bendoro langsung mlebu ono eng ruangan (sakdurunge ruangan kuwi wes tak siapke karo rewang-rewangku kabeh),terus bendoro perintah yang aku kon nyiape kitab2 lan tekok kamare wes dipesen opo durung.
Banjur bendoro ngetoke keris seng anyar ,langsung bendoro jelaske nyang aku kerise bendoro seng anyar kuwi okeh fungsine (pokokmen janggih tenan lah) ,pengen ngerti opo ora regone keris kuwi $ 2.346 ($ artine dolar) "keris anyar" banjur bendoro tekok nyang aku maneh soal masalah liyone ,maslah seng menurut bendoro wes rampung tapi durung tak kerjake ,banjur tak sebutke masalah seng tak adepi ,langsung krungu okeh masalah bendoro ngamuk ,lang njaluk supoyo rewang-rewangku seng iseh topo ono ing gunung kedung ,supoyo diundang ,dikonteko bantu aku ,sebab miturut bendoro kerjoku lan rewang-rewangku kuwi salah otowo ora pecus.
ket kuwi bendoro murko ,aku lan rewang-rewangku podo meneng,sebab yen dilayani iso diturunke drajatku.
Tanggal 18 bengi rewang-rewangku seng lagi topo ono ing gunung kedung ,banjur ketemu aku ,banjur aku lan kabeh rewang-rewangku rapat,kanggo ngadepi bendoro,issue tanggal 19 bendoro ketemu karo aku lan konco-konco ,mulai kuwi bendoro ngamuk-ngamuk ,pokokmen intine kesalahan kuwi ono ing aku lan konco-koncolah “BENDORO ORA PERNAH SALAH” kuwi intine ,konco-konco lan aku podo keno omeh ,ngasi bendoro arep nyiapke penganti kanggo ganteni aku (yo tak tompo ,aku ora opo2) mungkin pancen aku seng salah.
Tapi anehe wes ngerti okeh masalah ,ee malah bendoro asyik karo urusan ne dewe malah ngurusi “lagune Rhoma irama ,mirasantika OKE” lan ora mungkuwi bendoro malah telpan-telpon terus urusan pribadi lan golek ingon-ingon seng iso nyanyi ,ora baen-baen ingon-ingon kuwi regone luarang banget ,sesekali bendoro ngomong “WES KUL” lan kadang -kadang bendoro ceramah yen urepku kuwi ora sehat.
Tanggal 22 bendoro arep bali bendoro mrentake macem-macem seng intine deknen ora gelem di salahke yen ono kesalahan.Tapi atiku rodo ayen sebab bendoro wes bali.. tapi utek ku lan uteke konco-conku iseh stress ,sebab bendoro senengane nuduh seng ora-ora nyang aku lan konco-konco ,kadang aku bingung masalah iki disebabke opo yo ? opo disebabke aku lan konco-koncoku ,opo malah disebabke bendoro dewe.Sebab aku lan konco-koncoku ,wes kerjo keras ,mangkat isuk ,bali tengah wengi ,nahan isin ,tetap wahe ono masalah ,tapi yen nonton kerjane bendoro seng asyik karo lagune Rhoma Irama ,terus golek ingon-ingon seng isoh nyanyi merdu lan dolanan keris anyar
Ambuh aku bingung …. , opo ojo-ojo aku ora tahu mangan gedang lan kates yo penyebab pe……, AKU BINGUNG
windows xp mlaku ono ing ubuntu 704
soko pikiran neng duwur kuwi ,aku banjur browsing neng internet piye carane iso kerjo gowo windows tapi neng linux ,singkat wahe hasile ono 3 coro
1. double operting system ,windows lan linux (yen ono oparasi mesti gampang kecekel)
2. ngowo wine ,tp kelemahane yen buka file-file seng gede ora mampu
3. gowo vmware
coro iki menurutku luwi aman ,soale yen diprekso angel banget kecekel yen awake dewe gowo windows
langsung wahe yo cara instalasine
1. Install ubuntu (tak saranke versi 704)
- Install vmware ,carane lewat menu "Synaptic Package Manager"
- Install Qemu ,carane yo podo lewat menu "Synaptic Package Manager"
2. yen wis rampung ,saiki gawe partisi seng rencane kanggo nempake windows
- gawe folder disek ,terserah arep di ndokok nyang ngendi seng penting cukup (kurang luwihe 2 Gb lah)
contoh $ sudo mkdir /home/ilegal/vmware
- gawe virtual partisi kanggo ndokok windows ,carane gowo Qemu (emulator lah)
contoh $ sudo mkdir /home/ilegal/vmware
$ qemu-img create -f vmdk hd.vmdk 2G
3. sak banjure awakmu kudu gawe file anyar ,jenenge terserah ,seng penting extensene/ tipenew .VMX ,tapi file kuwi kudu awkmu simpen neng jerone folder seng rencane mbok siapke kanggo windows kuwi.
isine file kuwi yoiku:
config.version = "8"
virtualHW.version = "3"
guestOS = "other26xlinux"
memsize = "320"
MemAllowAutoScaleDown = "FALSE"
MemTrimRate = "-1"
uuid.action = "create"
hints.hideAll = "TRUE"
tools.syncTime = "TRUE"
usb.present = "TRUE"
usb.generic.autoconnect = "FALSE"
sound.present = "TRUE"
sound.virtualdev = "es1371"
isolation.tools.hgfs.disable = "FALSE"
isolation.tools.dnd.disable = "TRUE"
isolation.tools.copy.enable = "TRUE"
isolation.tools.paste.enabled = "TRUE"
ethernet0.present = "TRUE"
ethernet0.virtualDev = "vlance"
ethernet0.connectionType = "nat"
ethernet0.addressType = "generated"
ethernet0.generatedAddress = "00:0c:29:43:13:32"
ethernet0.generatedAddressOffset = "0"
floppy0.present = "TRUE"
floppy0.startConnected = "FALSE"
floppy0.autodetect = "TRUE"
ide1:0.present = "TRUE"
ide1:0.deviceType = "cdrom-raw"
ide1:0.startConnected = "TRUE"
ide1:0.fileName = "auto detect"
displayName = "windowsxp"
ide1:0.autodetect = "TRUE"
ide0:0.present = "TRUE"
ide0:0.fileName = "hd.vmdk"
ide0:0.mode = "persistent"
ide0:0.startConnected = "TRUE"
ide0:0.writeThrough = "TRUE"
ide0:0.redo = ""
uuid.location = "56 4d 10 9b dc 01 45 03-2e 87 91 ec a5 43 13 32"
uuid.bios = "56 4d 10 9b dc 01 45 03-2e 87 91 ec a5 43 13 32"
checkpoint.vmState = "vm.vmss"
4. yen wes ,banjur awkmu siape cd windowsxp (asli mangga2) banjur leboke nyang cdroom ,terus awakmu buka file seng mau digawe .VMX kuwi
nengkono awkmu di wenehi pilihan2 boot ,pilih wahe seng cdroom
5. install windows jalan deh.. ,awakmu iso install program opo wahe nyang kono
carene gampang kok
mugo2 iso mbantu ....,tapi aku ora nyaranke bajak lho ,iki ilmu sengkudu tak bagi2 kango seng butuhke .. (yen iso yo ojo bajak ,yen duwe duwit ,kecuali yen koyo awakku iki duwit cekak,centrung ora duwi kuwi bedo cerito)
Thursday, May 24, 2007
kurang turu .. ee liverpool kalah nisan
Jakarta 24 mei 2007 ,awakku lemes tenan ,goro2 ne wes pirang-pirang dino iki aku begadang (kerjaan okeh coy program remuk redam,kacau balau) ,puncae mau bengi ,nonton bal-balan antarane AC Milan Vs LIVERPOOL , aku njagok ke liverpool sebab neng liverpool kuwi isi ne kumpulan pemain-pemain enom-enom umure ,mlayune cepet-cepet ,skil seng duwor lan pelatih sing pinter , lha neng kubu ac milan isine pemain-pemain tuwex's-tuwex's (yo kiro-kiro kumpulan wong-wong jompolah) .Awal-awal babak sepisan aku wes optimis liverpool bakal menang ,yen nonton mlakune pertandingan ,terus peluang-peluange juga okeh liverpool yen di banding karo milan ,pokok men optimis lah bakal gowo bali piala champion nyang kandange liverpool ,ngasi tak rewangi tuku indomie ngowo ndok loro lan ngombe jamu ben ora masukangin (tentune ngombe tolak angin sebab ORANG PINTAR MINUM TOLAK ANGIN,ORANG BODO LONGA-LONGO KOYO KEBO,ORANG OON KAYA YANG BACA).ee .. rak ngetine malah kecolongan disek ,lewat golle inzagi ,seng menurutku kuwi bejo ,sebab tembak ane pilro ora sengojo keno nyang awake deknen ,gol kuwi rodok kaget aku ,ngasih aku ngomong "ANJRIT GOLL" tapi aku tetep optimis liverpool bakal menang , mulane aku tetep tak plototi tv ku sing ombone 15" merek samsung ngasih babak pertama rampung ,
sakdurunge babak peng loro mulai aku wes nyang kulah disek ,nguyuh-nguyuh disek ,raup-raup disek supoyo mripat kuwi iso di jak nonton lan dadi saksi kemenangane liverpool lan supoyo muka Guanteng ku tetap terawat kanti bener lan seger.
Babak kaping loro mulai maneh ,meh mirip-mirip karo babak pengpisan permainan tetep dikuasai liverpool ,ee embuh disebabke opo kok kaka iso lolos soko hadangan bek-bel liverpool ,soko kono kuwi musibah mulai ,kaka ngirim ompan nyang inzagi ,seng wektu kuwi ora di jogo ,yo langsung kejadian goll ,aku ora percoyo kuwi ngasih aku ora sadar ngucap "KAMPRET GOLL MANEH" ,wah neng ati wes dakdikduk ,iki ketok men liverpool bakal kalah ,tapi aku tetep nonton ning ngarep tv ku seng 15" kuwi seng merek ke samsung lan waktu tuku kuwi nyicel ping 3 ,pas menit-menit akhir liverpool iso nge goll ke nyang gawange milan ,atiku rodo seneg tapi sitik ,sebab wektu wes ora nyandak......,akhire yowes kuwi jagoku kalah ..
Lemes deh awakku kerjo dino iki ,utek rasane ora gelem dijak mikir abot.. wes ngono tekan ngon kerjaan program seng tak tangani kuwi yo masalah . wes tambah lemes wahe iki awak...
aku mung iso ngucapke selamat kanggo milan ,lan awakmu durung kasil kanggo liverpool lan aku dewe ..,tapi aku tetep dukung PERSIJAP (akukan wong jepara ) tetap biarpun aku neng jakarta ,tetap PERSIJAP is the best ,
ora nyambung ya.......,huahhh ,ngantuk rasane ..!
piye fotoku gaul ngak ..!
Friday, May 18, 2007
Nasip melu wong pelit
Asem, ket isuk aku diajak mbahas laptop, awane kon ngeterke nyang mangga dua. Ning mangga dua wonge mangan mbek mlaku, aku mlongo... Sore-sore kon ngeterke ning carefour tuku buah dipangan dewe.
Kekeke.... wong kok ra duwe isin...
Thursday, April 05, 2007
KOMANDAN WEDHUS
sekumpulan wedhus2 kuwi di wenehi tugas soko juragan supoyo mbangun dalan anyar ,sing tujuane mbangun dalan kuwi supoyo yen wes dadi iso ngelancarke kegiatan2 ne sing di lakuke mobile juragan ,intine mobile juragan kuwi laben iso mlaku lancar yen perlu ngebut.
dino ganti dino akhire dadi minggu ,minggu ganti minggu akhir dadi sasi ,sasi ganti sasi akhire ganti tahun ,tahun ganti tahun akhir dalan sing ditugaske bendoro nyang komandan wedhus kuwi ORA RAMPUNG-RAMPUNG,
Ono wahe alasan kanggo ngelak ,antara ne ngolei wedhus sing ireng ,menurut komandan mau wedus ireng kuwi sing marakke pembagunan dalan kuwi macet ,a goro2 wedus ireng kuwi muleh kandang ,a goro2 wedus ireng kuwi ora serius ,a goro2 wedus ireng kuwi ora nguasai pekarangan. padahal anak buahe komandan kuwi wedhus ireng kabeh ,intine dalan ora dadi-dadi kuwi mergane wedhus2 ireng sing sejatine anak buahe dewe sing dadi biang kerok ,sebab yen ora ngono komandan wedhus mau iso di jewer karo bendoro , suwe2 wedhus2 ireng kuwi mau podo mikir ,lha ning kene kuwi wedhus2 ireng kuwi podo kongko2 nyambi ngopi
wedus ireng siji = "sebab be opo yo kok perasaan awake dewe wes kerjo keras kok dalan ora dadi2 ,malah dalane menggak-menggok"
wedus ireng loro =" wah kuwi sing aku binggung"
wedus ireng telu =" mungkin kebon sing arep didadekke dalan kuwi keno gempa,dadi lemahe gerak2 terus ora pernah tetep"
wedus ireng siji =" iso juga ,tp lindu / gempa kuwi kan ora mben dino ono,kudune dalan wes dadi paling ora wes 98% lah"
wedus ireng loro =" opo mungkin goro2 awake dewe kuwi podo seneng karo MIRAS "
wedus ireng telu = "wah iso juga 'dadi yen seneng karo miras akhire kan mabuk' dadi kerjaan ora rampung2"
wedus ireng siji ="tapi yen awae dewe seneng karo MIRAS ,miras kuwi kan butuh duit ,sing nompo duwite sopo"
poro wedhus2 ireng kuwi opo diskusi sebabe keno opo kok dalan ora dadi2 ,mbahas soko gempa/lindu ,kebiasan2 poro wedus lan liyo2 ne ,tp ono sing di lalekek poro wedhus2 ireng kuwi mau ,komandane wedhus2 ireng mau ,ngerti opo ora cara ngawe dalan ,terus seneng opo ora karo MIRAS . . . . . . . . . . . .
to be continue
Thursday, December 21, 2006
Kopet tlah tiba....
Balik'o ning wit kono pet, petan karo konco koncomu. :D
Wednesday, October 11, 2006
Engkong Rawuh ing Tlatah Djakarta
ing sawijine dino Engkong menehi kabar yang bocah-bocah jakarta ,yen pas tanggal 11 ,wulan oktober ,tahon 2006 Engkong arep Sidak ono ing tlatah Djakarta ,kabar kuwi di tompo twue-Q-Djan ,banjur twue-Q-Djan ngabarke kabar sing becek kuwi nyang twue-Q-Djo,singkat cerito , twue -Q-Djan lan DJo,siapke ubo rampene kanggo nyambut Engkong sing arep teko ono ing tlatah Djakarta, wong 2 kuwi panix,binggung,puyeng,lan campur SUWENENG ,sebab Engkong Arep teko.dinokaping pisan Engkong ono ing Djakarta,situasi aman-aman wahe lan terkendali ,banjur keadaan kuwi ugo podo karo dino kaping Pindo ,ugo podo "AMAN TERKENDALI"
pas masuk ning dino kaping 3 ,tepate jam loro AWAN wektu Indonesia bagian Kaji ,situasi ne bedo karo dino-dino seng kepungkur ,pas dinokuwi Twue-Q-Djan Up Countrie ,dadi kari Twue-Q-Djo sing ngancani Engkong ,kiro-kiro jam 02:12 menit internet ono ing daerah antrane soryopranoto dan sangaji lagi down,ketkuwi mulai Engkong menehi Kuliah nyang Twue-Q-Djo seng isine macem-macem ,ngasi-ngasi kupingngi Twue-Q-djo seng asale warnane coklak ,maleh dadi worna-warni ,sebab ngerukke kuliah soko Engkong ,dadi kuliah seng disampeke khiusus kanggo Twue-Q-djo suwene kurang luwihe sakjam luwih sitek lah,banjur jam 03"40 Twu-Q-Djan teko songko Upcountri ,ee ora disongko-songko Twu-Q-Djan ugo entok materi kuliah semester pendek juga,untunge jam 04:00 engkong rampung nyampeke materi ,lan bali nyang tlatah semarang.
---- lego rasane ning ati ------
cerita ini bukan fiktif belaka ,jika ada kesamaan nama ,tempat,dan kejadian itu bukan rekayasa melainkan kejadian yang nyata
isi dalam cerita diatas diluar tanggung jawab produser
copyright@ sewelas oktober ronggewu emem